Wulangreh

Salah satu penguasa keraton Jawa yang memiliki kemampuan sastrawi adalah Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Kraton Surakarta Hadiningrat. Susuhunan Pakubuwono IV lahir dari permaisuri Sunan Pakubuwana III yang bernama Gusti Ratu Kencana, pada hari Kamis Wage, 18 Rabiul Akhir 1694 Saka atau 2 September 1768 Masehi. Beliau memegang pemerintahan selama 32 tahun (1788-1820), dan wafat pada hari Senin Pahing, 25 Besar 1747 Saka atau 2 Oktober 1820 M.

Salah satu hasil karya beliau yang terkenal dan hingga saat ini dijadikan acuan perilaku dan hidup manusia Jawa adalah Serat Wulangreh.  Ajaran yang dituliskan dalam tulisan ini meliputi ajaran moral, ilmu pengetahuan dan agama. Selain itu, tulisan ini mengajarkan bagaimana seorang penguasa menjalankan roda pemerintahannya. Bisa jadi Serat Wulangreh merupakan salah satu tulisan mengenai kebijakan publik asli Jawa.

Berikut disajikan serat Wulangreh dalam bahasa aslinya, yakni bahasa Jawa.

Serat Wulang Reh – Sri Pakubuwana IV

I. Dhandhanggula

Pamedhare wasitaning ati/ cumanthaka aniru pujangga/ dhat mudha ing batine/ nanging kedah ginunggung/ datan wruh yen akeh ngesemi/ ameksa angrumpaka/ basa kang kalantu/ tutur kang katula-tula/ tinalaten rinuruh kalawan ririh/ mrih padhanging sasmita. (Inilah curahan hati/ Berlagak meniru pujangga/ Tapi merasa harus disanjung/ Tak sadar banyak yang mencibir/ Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur/ Bahasa yang carut marut/ yang (jika) dicermati/ (hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata.)

Sasmitaning ngaurip puniki/ mapan ewuh yen ora weruha/ tan jumeneng ing uripe/ akeh kang ngaku-aku/ pangrasane sampun udani/ tur durung wruh ing rasa/ rasa kang satuhu/ rasaning rasa punika/ upayanen darapon sampurna ugi/ ing kauripanira. (Makna kehidupan itu/ sungguh sayang bila tak tahu/ tidak kokoh hidupnya/ banyak orang mengaku/ perasaannya sudah utama/ padahal belum tahu rasa/ rasa yang sesungguhnya/ hakikat rasa itu adalah/ usahakan supaya diri sempurna/ dalam kehidupan.)

Jroning Quran nggoning rasa yekti/ nanging ta pilih ingkang uninga/ kajaba lawan tuduhe/ nora kena den awur/ ing satemah nora pinanggih/ mundhak katalanjukan/ temah sasar susur/ yen sira ayun waskitha/ sampurnane ing badanira puniki/ sira anggugurua. (Di dalam Al Quran terdapat rasa yang sebanarnya/ tapi lihatlah yang diketahui/ kecuali atas petunjuknya/ tidak boleh asal-asalan/ di kemudian tidak ketemu/ malah terjerumus/ akhirnya tersasar/ bila kamu ingin peka/ dan hidupmu sempurna/ maka bergurulah.)

Nanging yen sira ngguguru kaki/ amiliha manungsa kang nyata/ ingkang becik martabate/ sarta kang wruh ing ukum/ kang ngibadah lan kang ngirangi/ sokur oleh wong tapa/ ingkang wus amungkul/ tan mikir pawewehing liyan/ iku pantes sira guronana/ sartana kawruhana. (Namun apabila engkau ingin berguru/ pilihlah manusia yang nyata/ yang bermartabat baik/ dan yang mengerti hukum/ yang beribadah dan sederhana/ syukur dapat pertapa/ yang telah melebihi/ tak lagi memikirkan pemberian orang/ itu pantas engkau jadikan guru/ dan diminta petunjuknya.)

Lamun ana wong micara kaki/ tan mupakat ing patang prakara/ aja sira age-age/ anganggep nyatanipun/ saringana dipun baresih/ limbangen lan kang patang prakara rumuhun/ dalil kadis lan ijemak/ lan kijase papat iku salah siji/ anaa kang mupakat. (Masih ada orang berbicara ilmu/ tak bersepakat dalam empat perkara/ jangan engkau tergesa/ menganggapnya nyata/ saringlah dengan teliti/ pertimbangkan empat perkara dahulu/ dalil, hadis dan ijma’/ dan qiyasnya antar empat itu salah satu/ ada yang bersepakat.)

Ana uga kena den antepi/ yen ucul saka patang prakara/ nora enak legetane/tan wurung tinggal wektu/ panganggepe wus angengkoki/ aja kudu sembahyang/ wus salat katengsun/ banjure mbuwang sarengat/ batal karam nora nganggo denrawati/ bubrah sakehing tata. (Ada juga yang mantab/ kalau tepat empat perkara/ sungguh tidak tepat/ hanya meninggalkan waktu/ menganggap sudah tepat/ hendak tidak shalat/ hanya bikin tanggung/ lalu membuang syariat/ batal haram tak peduli/ lalu bikin kacau.)

Angel temen ing jaman samangkin/ ingkang pantes kena ginuronan/ akeh wong jaya ngelmune/ lan arang ingkang manut/ yen wong ngelmu ingkang netepi/ ing panggawening sarak den arani luput/ nanging ta asesenengan/ nora kena den wor kakarepaneki/ papancene priyangga. (Sungguh sulit jaman sekarang/ Mana yang pantas diteladani/ (Meski) banyak yang hebat ilmunya/ Tetapi jarang yang taat/ Jikalau orang berilmu yang menjelaskan/ Jika orang berbuat baik/ Dikatakan salah/ Tetapi jika hanya bersenang-senang/ Tak bisa dimengerti apa maksudnya/ Betul-betul orang hebat

Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, kyai guru naruthuk ngupaya murid, dadya kanthinira. (Umumnya di jaman sekarang/ Justru guru yang mencari teman/ Benar-benar terbalik keadaannya/ Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi/ Kalau jaman dulu, muridlah/ Yang mencari guru/ Tapi sekarang tidak/ Kyai Guru berkeliaran mencari murid/ Agar ikut dengannya.)

II. Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrip lantip, aja pije mangan nendra, ing kaprawiran den kesthi, penunen sarinira sudanen dhahar lan guling. (Mari latih dan pahami hati/ Agar perasaan bisa lebih tajam/ Jangan Cuma makan dan tidur/ Watak ksatria harus dipelajari/ Latih badan / tubuhmu/ Kurangi makan dan tidur.)

Dadia lakunireku/ cegah dhahar lawan guling/ lan aja sukan-sukan/ anganggoa sawatawis/ ala watake wong suka/ nyuda prayitnaning batin. (Jadikanlah kebiasaanmu/mencegah makan dan tidur/ dan jangan suka bersenang-senang/jika perlu, lakukan seperlunya/jeleklah watak orang yang hanya bersuka-suka/akan mengurangi kewaspadaan batin.)

Yen wis tinitah wong agung/ aja sira nggunggung dhiri/ aja leket lan wong ala/ kang ala lakunireki/ nora wurung ngajak-ajak/ satemah anunulari.(Jika sudah ditakdirkan jadi pembesar/janganlah kamu menyombongkan diri/jangan dekat dengan orang berwatak jelek/biarlah dia seperti itu/karena paling-paling akan mengajak/pada akhirnya akan menularimu)

Nadyan asor wijilipun/ yen kalakuane becik/ utawa sugih carita/ carita kang dadi misil/ iku pantes raketana/ darapon mundhak kang budi. (Meski berasal dari rakyat jelata/jika wataknya bagus/atau yang banyak cerita/yang bisa diambil sarinya/jika memang layak, dekatilah/dengan harapan akan mengangkat harkatmu)

Yen wong anom pan wis tamtu/ manut marang kang ngadhepi/ yen kang ngadhep akeh bangsat/ datan wurung bisa juti/ yen kang ngadhep keh durjana/ nora wurung bisa maling. (Jika para pemuda memang sudah sepatutnya/tunduk pada yang dihadapi/jika yang dihadapi banyak orang licik/paling-paling akan bisa berjudi/jika yang menghadap banyak bangsat/akhirnya juga akan jadi pencuri)

Sanajan ta nora milu/ pasthi wruh solahing maling/ kaya mangkono sabarang/ panggawe ala puniki/ sok weruha nuli bisa/ yeku panuntuning eblis. (kendati kamu tidak ikut-ikutan/sepatutnya kamu tahu watak pencuri/begitulah semuanya/kelakuan buruk ini/meski cuma melihat akan cepat bisa/itulah tuntunan iblis)

Panggawe becik puniku/ gampang yen wus denlakoni/ angel yen durung kalakyan/ arasaarasen nglakoni/ tur iku denlakonana/ mupangati badaneki. (Perbuatan baik itu/mudahnya jika sudah dilakukan/tapi sulit jika jika belum dilakukan/rsanya malas untuk melakukan/maka lakukanlah/karena akan bermanfaat bagi dirimu)

Lan wong anom-anom iku/ kang kanggo ing mangsa iki/ andhap-asor dipunsimpar/ umbag gumunggung ing dhiri/ obral umuk kang dengulang/ kumenthus lawan kumaki. (Jika anak muda-muda itu/yang berlaku di masa sekarang/sopan santun sudah dibuang/sombong dan selalu tinggi hati/mengobrol dan membual yang dikerjakan/bergaya, congkak dan mentang-mentang)

Sapa sira sapa ingsun/ angalunyat sarta edir/ iku lalabete uga/ nomnoman adoh wong becik/ emoh angrungu carita/ carita ala lan becik. (Membanggakan diri sendiri/egois dan tak peduli/itulah lambang orang yang buruk/pemuda yang jauh dari orang baik/tak mau mendengarkan petuah/yang jelek dan yang baik)

Carita pan wus kalaku/ panggawe ala lan becik/ tindak bener lan kang ora/ kalebu jro cariteki/ mulane aran carita/ kabeh-kabeh den kawruhi. (Cerita yang telah terjadi/perbuatan buruk dan baik/perbuatan benar dan salah/termasuk dalam cerita ini/maka disebut cerita/semua hal agar diketahui)

Mulane wong anom iku/ becik ingkang ataberi/ jajagongan lan wong wong tuwa/ ingkang sugih kojah ugi/ kojah iku warna-warna/ ana ala ana becik. (Maka, orang muda itu/sebaiknya yang teliti/jika berbicara / berhadapan dengan orang tua/yang (kebetulan) banyak omong/pembicaraan itu bermacam-macam/ada yang baik, ada yang buruk)

Ingkang becik kojahipun/ sira anggoa kang pasthi/ ingkang ala singgahana/ aja sira anglakoni/ lan den awas wong akojah/ iya ing mangsa puniki. (Yang baik pembicaraannya/bawalah dengan cermat/yang jelek sembunyikan/jangan pernah berniat melakukandan waspadailah orang yang berbicara (itu)/yang terucap saat ini)

Akeh wong kang sugih wuwus/ nanging den sampar pakolih/ amung badane priyangga/ kang den pakolihken ugi/ panastene kang den umbar/ tan ana nganggo sawatawis. (Banyak memang orang yang bisa bicara/namun entah bagaimana hasil (kenyataan)nya/Cuma dirinya sendiri/yang akhirnya mendapatkan/emosinya yang dikedepankan/tanpa ada pengendalian)

Aja ana wong bisa tutur/ amunga ingsun pribadhi/ aja ana amemedha/ angrasa pinter ngluwihi/ iku setan nunjang-nunjang/ tan pantes dipun cedhaki. (Jangan ada orang yang bisa menasihati/biarlah aku sendiri/jangan pernah terpancing/merasa lebih pintar/inilah setan gentayangan/tak pantas didekati)

Sikokna den kaya asu/ yen wong kang mangkono ugi/ dahwen open nora layak/ yen sira sandhingan linggih/ nora wurung katularan/ becik singkarana kaki. (Singapun akan seperti anjing/jika ada orang yang demikian itu/suka ingin tahu (urusan orang) dan tidak pantas/jika kamu duduk berdampingan (dengan orang semacam itu)/Nanti kamu akan tertular/sebaiknya jauhilah.)

Poma-poma wekasingsun/ mring kang maca layang iki/ lahir batin den estokna/ saunine layang iki/ lan den bekti mring wong tuwa/ ing lahir prapta ing batin. (Ingat-ingatlah pesanku/pada (siapapun) yang membaca surat (tulisan) ini/dan takutlah pada orang tua/baik lahir maupun batin/semua perkataannya  turutkanlah/jangan menghindar ajaran baik.)

III. Gambuh

1 Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon.

2 Aja nganti kabanjur, sabarang polah kang nora jujur, yen kabanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

3 Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.

4 Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.

5 Si kidang umbagipun angandelken kebat lumampatipun pan gajah ngandelaken geng ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.

6 Iku upamanipun, aja ngandelkaken sira iku, suteng nata iya sapa ingkang wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor.

7 Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa pinter kaya ingsun, tuging prana nora injoh.

8 Ambeg adigang iku, ngandelaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyanayampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi guguyon.

9 Ing wong urip puniku, aja nganggo ambeg kang tetelu, anganggoa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, den waskitha solahing wong.

10 Dene katelu iku, si kidang suka ing patinipun, pan si gajah alena patinereki, si ula ing patinipun, ngandelken upase mandos.

11 Katelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wawadi, bungah akeh wong anggunggung, wekasane kajalomprong.

12 Yen wong anom puniku, kakehan panggunggung dadi kumprung, pengung bingung wekasane pan angoling, yen dengunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mecothot.

13 Ing wong kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising lathi, lan telesing gondhangipun, ruruba alaning uwong.

14 Amrih pareka iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.

15 Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak mring wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.

16 Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture angupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wis weruh amalengos.

17 Aja nganggo sireku, kalakuan kang mangkono iku, datan wurung tinitenan dencireni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.

IV. Pangkur

1 Kang sekar pangkur winarna, lalabuhan kang kanggo wong aurip, ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ta ing tatakrama, denkaesthi
siyang ratri.

2 Duduga lawan prayoga, myang watara riringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena
tininggale, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora keri.

3 Muwah ing sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kantun, kanggo sadina-dina, lan ing wengi nagara muwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku nora kari.

4 Kalamun ana manungsa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku wateke tan patut awor lawan wong kathah, wong digsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung niniwasi.

5 Mapan wateke manungsa, pan katemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan dadya panengeran, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang asor lan kang malarat, tanapi manungsa sugih.

6 Ngulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bobotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitiking manungsa wawatekipun, apadene wong kang nyata, ing pangawruh kang wis pasthi.

7 Tinitik ing solah bawa, muna-muni ing laku lawan linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujanma, datan amindhogaweni.

8 Ginulang sadina-dina, wiwekane mindeng basa basuki, ujubriya kibiripun, sumungah tan kanggonan, mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah-wadi.

9 Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku, drengki drohi lan dora, iren meren panasten dahwen kumingsun, doene nora pasaja, jahil muthakil mbesiwit.

10 Alaning liyan denandhar, ing beciking liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuwan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong kang mangkono wateknya, nora pantes denpedhaki.

11 Iku wong durbala murka, nora nana mareme ing jro ati, sabarang karepanipun, nadyan wisa katekan, karepane nora marem saya mbanjur, luamah lawan amarah, iku ingkang dentutwuri.

12 Ing sabarang tingkah polah, yen angucap tanapi lamun linggih, sungkan kasor ambegipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane dhewekipun, pan nora ana kang amadha, angrasa luhur pribadi.

13 Aja nedya katempelan, ing wawatek kang tan pantes ing budi, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri-wuri.

14 Aja lonyo lemer genjah, angrong-pasanakan nyumur gumuling, ambuntut-arit puniku, watekan tan raharja, pan wong lonyo nora kena dipunetut, monyar-manyir tan antepan, dene lemeran puniki.

15 Para-penginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong-pasanak liripun, remen olah miruda, mring rabine sedulur miwah ing batur, mring sanak myang pasanakan, sok senenga denramuhi.

16 Nyumur gumuling tegesnya, ambelawan datan duwe wewadi, nora kena rubung-rubung, wewadine kang wutah, mbuntut-arit punika pracekanipun, abener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri.

17 Sabarang kang dipunucap, nora wurung amrih oleh pribadi, iku labuhan tan patut, aja anedya telad, mring watekan nenem prakara puniku, sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.

V. Maskumambang

1 Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen dennuta.

2 Apan kaya mangkono watekan iki, sanadyan wong tuwa, yen duwe watek tan becik, miwah tindak tan prayoga.

3 Aja sira niru tindak kang tan becik, nadyan ta wong liya, lamun pamuruke becik, miwah tindake prayoga.

4 Iku pantes sira tirua ta kaki, miwah bapa biyang, kang muruk watek kang becik, iku kaki estokena.

5 Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, anemu duraka, ing dunya tumekeng akir, tan wurung kasurang-surang.

6 Maratani ing anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja na kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.

7 Ana uga etang-etangane kaki, lilima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lilima punika.

8 Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kang kaping tri, ya marang sadulur tuwa.

9 Kaping pate ya marang guru sayekti, sembah kaping lima, ya marang Gustinireki, parincine kawruhana.

10 Pramilane rama ibu denbekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, wineruhken padhang hawa.

11 Uripira pinter samubarange kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widhi, mulane wajib sinembah.

12 Pan kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, weruh ing becik lan ala.

13 Saking ibu rama margane udani, mila maratuwa, lanang wadon denbekteni, aweh rasa ingkang nyata.

14 Sajatine rasa kang mencarken wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.

15 Pan sinembah gegentine bapa iki, pan sirnaning bapa, sadulur tuwa gumanti, ingkang pantes sira nuta.

16 Ing sawarah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping pat, ya marang guru sayekti, marmane guru sinembah.

17 Kang atuduh marang sampurnaning urip, tumekeng antaka, madhangken petenging ati, ambenerken marga mulya.

18 Wong duraka ing guru abot pribadi, pramila prayoga, mintaa sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.

19 Kaping lima dununge sembah puniki, mring gusti kang murba, ing pati kalawan urip, miwah sandhang lawan pangan.

20 Wong neng dunya wajib manuta ing gusti, lawan dipun awas, sapratingkah dipunesthi, aja dupeh wus awirya.

21 Nora beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen dosa ukume padha.

22 Yen rumangsa putra santana sireki, dadine tyasira, angediraken sireki, tan wurung anemu papa.

23 Ngungasaken yen putra santaneng aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.

24 Yen tinuduh marang sang mahanarpati, sabarang tuduhnya, iku estokena ugi, karyanira sumngkemana.

25 Aja mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi, aja ngepluk asungkanan.

26 Luwih ala alaning jalma ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.

27 Amilua ing bapa biyung pribadi, kalamun sungkanan, datan wurung densrengeni, milawanana pinala.

28 Mapan kaya mangkono ngawuleng gusti, kalamun leleda, tan wurung manggih bilai, ing wuri aja ngresula.

29 Pan kinarya dhewe bilainireki, lamun tinemenan, sabarang karsaning gusti, lair batin tan suminggah.

30 Mapan ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kakasih, amung bener agemira.

31 Kukum adil adat watong gang denesthi, mulane ta padha, denrumeksa marang gusti, endi lire wong rumeksa.

32 Dipun gemi nastiti angati-ati, gemi mring kagungan, ing gusti ywa sira wani, anggagampang lawan aja.

33 Wani-wani nuturken wadining Gusti, denbisa arawat, ing wawadi sang siniwi, nastiti barang parentah.

34 Ngati-ati ing rina miwah ing wengi, ing rumeksanira, lan nyadhang karsaning gusti, dudukwuluhe atampa.

VI. Dudukwuluh / Megatruh

1 Wong ngawula ing ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep
sartanipun, setya tuhu marang gusti, dipunmiturut sapakon.

2 Mapan ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahken hukum adil, pramila wajib denenut, kang sapa tan manut ugi, mring parentahe sang katong.

3 Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, saparsa ngawuleng ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewuh.

4 Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur ta aja angabdi, becik ngindhunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.

5 Angur angindhunga bae nora ewuh, lan nora nana kang ngiri, mung mungkul pakaryanipun, nora susah tungguk kemit, seba mapan nora nganggo.

6 Mung yen ana tontonan nonton neng lurung, glindhang-glindhung tanpa keris, sarwi mbanda tanganipun, kemul bebede sasisih, andhodhok pinggiring bango.

7 Suparandene jroning tyas anglir tumenggung, mangku bawat Senen Kemis, mangkono iku liripun, nora kaya wong angabdi, wruh ing palataran katong.

8 Lan keringan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipunpakeling, mulane pinardi kang wong.

9 Samubarang ing karsanira sang ratu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, wong kang padha-padha ngabdi, pagaweane pan saos.

10 Kang nyantana bupati mantri panewu, kaliwon paneket miji, panalawe lan panajung, tanapi para prajurit, lan kang nambutkaryaeng katong.

11 Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dina kang amarengi, ing wiyosira sang prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.

12 Ingkang lumrah yen kerep seba wong iku, nuli ganjaran denincih, yen tan oleh nuli mutung, iku sewu-sewu sisip, yen wus mangarti ingkang wong.

13 Tan mangkono etunge kang sampun weruh, mapan ta datan denpikir, ganjaran pan wis karuhun, amung naur sihing gusti, winales ing lair batos.

14 Setya tuhu saparentahe pan manut, ywa enggana karseng gusti, wong ngawula pamanipun, lir sarah munggeng jaladri, darma lumaku sapakon.

15 Dene begja cilaka utawa luhur, asor iku pan wis pasthi, ana ing badanireku, aja sok anguring-uring, marang gusti sang akatong.

16 Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring gusti tuwin Hyang Widhi, dene ta sabeneripun, mupusa kalamun pasthi, ing badan tan kena menggok.

17 Tulisane ing lokil-makful rumuhun, papancer sawiji-wiji, tan kena owah sarambut, tulising badan puniki, aja na mundur pakewuh.

VII. Durma

1 Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari.

2 Ing pangawruh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, ing sariranira, yen ana kang amurba, misesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.

3 Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila denngati-ati, sakeh durgama, singgahana den eling.

4 Mapan ana sisiku telung prakara, nanging gesae pribadi, pan iki lirira, ingkang telung prakara, aja anggunggung sireki, kalawan aja, nacad kapati-pati.

5 Lawan aja mamaoni barang karya, thik-ithik mamaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing mangsa mengko puniki, mapan wus lumrah, padha wasis maoni.

6 Mung tindake dhewe nora winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pesthine ingaran sisip, iku kang lumrah, nganggo bener pribadi.

7 Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memaoni, sira ling-elinga, aja sugih waonan, den samya raharjeng budi, ingkang prayoga, singa-singa kang lali.

8 Ingkang eling angelingena ya marang, sanak kanca kang lali, dennedya raharja, mangkana tindakira, yen datan kaduga uwis, teka menenga, aja sok angrasani.

9 Nemu dosa anyela sapadha-padha, dene wong ngalem gugi, yen durung tetela, ing beciking manungsa, aja age nggunggung kaki, menek tan nyata, dadi cirinireki.

10 Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya, yen ana densenengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan, matane kongsi mandelik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.

11 Aja ngalem aja mada lamun bisa, yen uga jaman mangkin, iya samubarang, yen ora sinenengan, denpoyok kapati-kati, nora prasaja, sabarang kang denpikir.

12 Ngandhut rukun becik ngarepan kewala, ing wuri angrasani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasan, ala becik denrasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.

VIII. Wirangrong

1 Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.

2 Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowangnya.

3 Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.

4 Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipunngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tinututan, mulane dipunprayitna.

5 Lan maninge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku kagwe reged badanipun, nanging mangsa mangkin, tan na etung prakara, supata ginawe dinan.

6 Denpadha gemi ing lathi, aja ngakehken pipisoh, cacah-cucah srengen ngabul-abul, lamun andukani, dendumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.

7 Lawan padha denpakeling, teguhena lair batos, aja ngalap randhaning sadulur, sanak miwah abdi, kanca rewang sapangan, miwah maring pasanakan.

8 Gawe salah grahitani, ing liyan kang sami anon, nadya lilaa lananganipun, kang angrungu elik, ing batin tan pitaya, mangsa kuranga wanodya.

9 Tan wurung dipuncireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padha suda, pangendele mring bandara.

10 Ana cacad agung malih anglangkungi saking awon, apan sakawan iku kenipun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.

11 Kaping sekawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung bathine denetang, alumuh lamun kalonga.

12 Iku upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadhuwut, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.

13 Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggagawe ugi, gagadhen pan tumranggal, ulate teka sumringah.

14 Dene wong durjana ugi, nora nana kang denbatos, rina wengi amung kang denetung, duweke lyan nenggih, dahat datan prayoga, kalamun watek durjana.

15 Dene bobotoh puniki, sabarang pakaryon emoh, lawan kathah linyok para padu, yen pawitan enting, tan wurung anggagampang, ya marang darbeking sanak.

16 Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipunedol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bupati, weweh tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.

17 Kabutuh pisan mamaling, tinitenan saya awon, apan boten wonten panedipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggugulang ngabotohan.

18 Dene ta wong kang madati, kesede kaamoran lumoh, amung ingkang dadi senengipun, ngadhep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leyangan bedudan.

19 Yen leren nyeret adhidhis, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu pethak.

20 Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wawoh, ambegane sarwi melar-mingkus, watuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestob bolira.

21 Yen mati nganggo ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut, aja na nglakoni, wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.

22 Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, denpadha pakeling, aja na wani nerak, kang nerak tan manggih arja.

23 Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum sajeng tanpa mangsa iku, endi lire ugi, angombe saben dina, pan iku wateke ala.

24 Kalamun wung wuru ugi, ilang prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge ing ati, pan baliyar-baliyar, endi ta ing becikira.

25 Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi sireku, ngarsaning pawestri, tan wurung nuli corah, pan wis lumrahing wanita.

26 Tan bisa simpen wawadi, saking rupeke ing batos, pan wus pinanci dening Hyang Agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.

27 Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dhapur, yen bakale becik, denanggo weh munfangat, kaya pucung lan kaluwak.

IX. Pucung

1 Kamulane, kaluwak nom-nomanipun, pan dadi satunggal, pucung arane puniki, yen wis tuwa kaluwake pisah-pisah.

2 Denbudia, kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpula kaya enome, enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

3 Aja kaya kaluwak enome kumpul, basa wis atuwa, ting salebar dhewe-dhewe, nora wurung bakal dadi bumbu pindhang.

4 Wong sadulur, nadyan sanak dipunrukun, aja nganti pisah, ing samubarang karsane, padha rukun dinulu teka prayoga.

5 Abot entheng, wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun lamun biyantu ing karsa.

6 Luwih abot, wong duwe sanak sadulur, jitus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga lan wong kang tan sugih sanak.

7 Lamun bener, lan pinter pamomongipun, kang ginawe tuwa, aja nganggo abot sisih, dipunpadha pamengkune mring sentana.

8 Mapan ewuh, wong tinitah dadi sepuh, tan kena gumampang, iya marang sadulure, tuwa enom aja beda traping karya.

9 Kang saregep, kalawan ingkang malincur, padha denkawruhan, sira alema kang becik, kang malincur age sira bendonana.

10 Yen tan mari, binendon nggone malincur, age tinatrapan, sapantese lan dosane, pan sentana dimene dadi tuladha.

11 Lan wong liya, darapon wedia iku, kang padha ngawula, ing batine wedi asih, pan mangkono labuhan wong dadi tuwa.

12 Den ajembar, denamot lan denamengku, denpindha segara, tyase ngemot ala becik, mapan ana papancene sowang-sowang.

13 Pan sadulur, tuwa kang wjib pitutur, marang kang taruna, kang anom wajibe wedi, sarta manut wuruke sadulur tuwa.

14 Kang tinitah, dadi enom aja mesgul, batin rumangsaa, yen wis titahing Hyang Widhi, yen mesgula ngowahi kodrating Suksma.

15 Nadyan bener, yen wong anom dadi luput, yen ta anganggoa ing pikire pribadi, pramilane wong anom aja ugungan.

16 Yen dadi nom, denweruh ing enomipun, dene ingkang tuwa, denkaya banyu ing beji, denawening paningale aja samar.

17 Lawan maning, ana ing pituturingsun, yen sira amaca, layang sabarang layange, aja pijer katungkul ningali sastra.

18 Caritane, ala becik dipunweruh, nuli rasakena, layang iku saunine, denkarasa kang becik sira anggoa.

19 Ingkang ala, kawruhana alanipun, dadine tyasira weruh ala lawan becik, ingkang becik wiwitane sira wruha.

20 Wong kang laku, mangkana wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkana wite, ing satemah puniku pan dadi ala.

21 Ing sabarang, prakara dipunkadulu, wiwitan wekasan, bener lan lupute kesthi, ana becik wekasane dadi ala.

22 Dipunweruh, iya ing kamulanipun, kalawan wekasan, punika dipunkaliling, ana ala dadi becik ing wekasan.

23 Ewuh temen, babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wijiling basa raharja.

X. Mijil

1 Poma kaki padha dipuneling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarwa wasis, samubarangipun.

2 Lan dennedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasabana yen durung mangsane, kekendelan aja wani mingkis, wiweka ing batin, densamar densemu.

3 Lan densami mantep maring becik, lan ta wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wus tinitah maring Hyang Widhi, ing badan puniki, wus papancenipun.

4 Ana wong narima wus titahing, Hyang pan dadi awon, lan ana wong tan nrima titahe, ing wekasan iku dadi becik, kawruhana ugi, aja salang surup.

5 Yen wong bodho kang tan nedya ugi, tatakon titiron, anarima ing titah bodhone, iku wong narima nora becik, dene ingkang becik, wong narima iku.

6 Kaya upamane wong angabdi, amagang sang katong, lawas-lawas katekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyane, ing tyase panuju.

7 Nuli narima terusing batin, tan mengeng ing katong, tan rumasa ing kanikmatane, sihing gusti tekeng anak rabi, wong narima becik, kang mangkono iku.

8 Nanging arang ing mangsa samangkin, kang kaya mangkono, kang wis kaprah iya salawase, yen wis ana linggihe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.

9 Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, nora eling ing mula-mulane, witing sugih sangkaning amukti, panrimaning ati, kaya nggone nemu.

10 Tan rumasa murahing Hyang Widhi, jalaran sang katong, ing jaman mengko iya mulane, arang turun wong lumakweng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.

11 Arang kang sedya amales ing sih, ing gusti sang katong, lawan kabeh iku ing batine, tan anedya narima ing Widhi, iku wong kang tan wrin, ing nikmat ranipun.

12 Wong kang tan narima dadi becik, titahing Hyang Manon, iki uga iya ta rupane, kaya wong kang angupaya ngelmi, lan wong sedya ugi, kapinteran iku.

13 Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira ngupados, ing undhake ya kapinterane, utawa unggahing kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.

14 Ing pangrawuh ingkang densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus dene, ing samubarang pakarya uwis, nora nganggo lali, kabeh wus kawengku.

15 Yen wong kang kurang narima ugi, iku luwih awon, barang-gawe aja age-age, anganggoa sabar lawan ririh, dadi barang-kardi, resik tur rahayu.

16 Lan maninge babo denpakeling, ing pitutur ingong, sira uga padha ngempek-empek, iya marang kang jumeneng aji, lair ing myang batin, denngrasa kawengku.

17 Kang jumeneng iku kang mbawani, wus karsaning Manon, wajib padha wedi lan bektine, aja mampang parentahing aji, nadyan anom ugi, lamun dadi ratu.

18 Nora kena iya denwaoni, parentahing katong, dhasar ratu bener parentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pesthi tan rahayu.

19 Nanging kaprah ing mangsa puniki, anggepe angrengkoh, tan rumasa lamun ngempekempek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.

20 Yen elinga jalarane mukti, pesthine tan ngrengkoh, saking batin durung ngrasakake, ing pitutur ingkang dhingin-dhingin, dhasar tan praduli, wuruking wong sepuh.

21 Ing dadine barang tindak iki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, nganggo ing karsanira pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.

22 Mulane ta wekas ingsun iki, den kerep tatakon, aja isin ngatokaken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi kakasih, pinter tan winuruk.

23 Sabakdane pan tan ana ugi, pintere tatakon, mapan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.

24 Ing driyanira dadi tatali, ing tyas dimen adoh, sakehing ati kang ala kiye, nadyan lali ya pan nuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh.

25 Kacek uga lan kang tanpa ngelmi, sabarange kaot, dene ngelmu iku ingkang kangge, sadinane gurokna kariyin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.

26 Ngelmu sarengat puniku dadi, wawadhah kang yektos, kawruh tetelu kawengku kabeh, pan sarengat kanggo lair batin, mulane densami, brangtaa ing ngelmu.

XI. Asmarandana

1 Padha netepana ugi, kabeh parentahing sarak, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug, yen misih dhemen neng praja.

2 Wiwit ana badan iki,iya teka ing sarengat, ananing manungsa kiye, rukun Islam kang lilima, nora kena tininggal, iku parabot linuhung, mungguh wong urip neng dunya.

3 Kudu uga denlakoni, rukun lilima punika, mapan ta sakuwasane, nanging aja tan linakyan, sapa tan nglakonana, tan wurung nemu bebendu, padha sira esttokena.

4 Parentahira Hyang Widhi, kang dhawuh mring Nabiyullah, ing dalil kadis enggone, aja na ingkang sembrana, rasakna den karasa, dalil kadis rasanipun, dadi padhang ing tyasira.

5 Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, anur kebo dagingira, kalala yen pinangana, pan manungsa dagingipun, yen pinangan pesthi karam.

6 Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, marang papaes donya, siyang dalu dipun emut, yen urip manggih antaka.

7 Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas langar lancang, calak ladah sumalonong, aja edak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jail para padu, lan aja para wadulan.

8 Kang kanggo ing mangsa mangkin, prayayi nom kang dengulang, kaya kang wus muni kuwe, lumaku temen kajena, tan nganggo etung murwat, lumaku kukudhung sarung, anjaluk dendhodhokana.

9 Pan tanpa kusur sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, yen na ngarah dhinodhokan, anganggoa jajaran, yen niyat lunga anyamur, aja ndhodhokken manungsa.

10 Iku poma dipuneling, kaki mring pitutur ingwang, kang wis muni mburi kuwe, yen ana ingkang nganggoa, cawangan wong mbelasar, saking nora ngrungu tutur, lebar tan dadi dandanan.

11 Barang-gawe dipuneling, nganggoa tepa-sarira, parentah lan sabenere, aja ambeg kumawawa, amrih denwedenana, dene ta wong kang wis luhung, nggone amengku mring bala.

12 Denprih wedi sarta asih, pamengkune maring wadya, wineruhena ing gawe, denbisa aminta-minta, karyaning wadyanira, ing salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga.

13 Sarta weruhna ing becik, gantungana ing tatrapan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, anglakoni ing karya, ywa dumeh asih sireku, yen leleda tatrapana.

14 Nadyan sanak-sanak ugi, yen leleda tinatrapan, murwaten lawan sisipe, darapon padha wedia, ing wuri ywa leleda, ing dana-kramanireku, aja pegat den warata.

15 Lan maninge suta mami, mungguh anggeo wong nagwula, densuka sokur ing batos, aja pegat ing panedha, mring Hyang kang amisesa, ing raina wenginipun, mulyaning nagara tata.

16 Iku uga denpakeling, kalamun mulya kang praja, mupangati mring wong akeh, ing rina wengi ywa pegat, nenedha mring Pangeran, tulusing karaton prabu, miwah arjaning nagara.

17 Iku wawalesing batin, mungguh wong suwiteng nata, ing lair setya tuhune, lawan cecadhang sakarsa, badan datan lenggana, ing siyang dalu pan katur, pati uriping kawula.

18 Gumantung karsaning gusti, iku traping wadya setya, nora kaya jaman mangke, yen wis oleh kalungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathineipun, ing tyas datan rumangsa.

19 Uwite dadi priyayi, sapa kang gawe mring sira, nora weruh wiwitane, iya weruha witira, dadi saking ruruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.

20 Pikire gelisa pulih, rurubane duk ing dadya, ing rina wengi ciptane, kapriye lamun bisaa, males sihing bendara, linggihe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.

21 Pamrihe gelisa bathi, nadyan mbesuk denpocota, duweke sok wisa puleh, kapriye lamun tataa, polahe salang-tunjang, padha kaya wong bubruwun, tan etung duga prayoga.

22 Poma padha denpakeling, nganggoa sokur lan rila, narima ing sapancene, lan aja amrih sarana, mring wadya nandhang karya, lan padha amriha iku, arjaning kang desa-desa.

23 Wong desa pan aja nganti, ewuh nggone nambut-karya, sasawah miwah tegale, nggaru maluku tetepa, aja denulah-ulah, dimene tulus nanandur, pari kapas miwah jarak.

24 Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthi sira, wetuning pajeg undhake, dipunrereh pamrihira, aja nganti rekasa, denwani kalah rumuhun, beya kurang paringana.

25 Kapriye gemaha ugi, sakehe kang desa-desa, salin bekel pendhak epon, pametune jung sacacah, bektine karobelah, satemah desane suwung, priyayi jaga pocotan.

26 Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkana, tan wurung lingsem temahe, denpadha angestokena, mring pitutur kang arja, nora nana alanipun, wong nglakoni kabecikan.

27 Nom-noman samengko iki, yen denpituturi arja, arang kang angrungokake, denslamur asasembranan, emoh yen anirua, malah males apitutur, pangrasane uwis wignya.

28 Aja ta mengkono ugi, yen ana wong cacarita, rungokena saunine, ingkang becik sira nggoa, buwangen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nom-noman.

XII. Sinom

1 Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere denalingi, bodhone dinokok ngayun, pamrihe den inaa, aja na ngarani bangkit, suka lila denina sapadha-padha.

2 Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sundekek ngarsa, isin menek denarani, balilu ing sujanmi, nanging batiningsun cubluk, parandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.

3 Tur duk ingsun maksih bocah, akeh kang amituturi, lakuning wong kuna-kuna, lalabetan ingkang becik, miwah carita ugi, kang kajaba saking ngebuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undhaking kabisan.

4 Carita nggoningsun nular, wong tuwa kang momong dhingin, akeh kang sugih carita, sun rungokken rina wengi, samengko maksih eling sawise diwasaningsun, bapak kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata-krama ing pratingkah kang raharja.

5 Nanging padha ngestokena, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggonen pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, muga padha bisaa, anganggo pitutur becik, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

6 Lan aja na lali padha, mring luluhur ingkang dhingin, satindake denkawruhan, angurangi dhahar guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temune kang sineja, mungguh wong nedha ing Widhi, lamun temen lawas enggale tinekan.

7 Pangeran kang sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujaring dalil, nyatane ana ug, iya Ki Ageng ing Tarub, wiwitane nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.

8 Panembahan Senapatya, kang jumeneng ing matawis, iku kapareng lan mangsa, dhawuh nugrahaning Widhi, saturune lestari, saking brekating luluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang kari-kari, wajib uga anirua lakunira.

9 Mring luhur ing kuna-kuna, enggone ambanting dhiri, iya sakuwasanira, sakuwate anglakoni, nyegah turu sathithik, sarta nyuda dhaharipun, pirabara bisaa, kaya ingkang dhingin-dhingin, atirua sapratelon saprapatan.

10 Ana ta silih bebasan, padha sinaua ugi, lara sajroning kapenak, suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mapan suka ing jronipun, iku densinaua, lan mati sajroning urip, ing wong kuna pan mangkono kang dengulang.

11 Pamoring Gusti kawula, pan iku ingkang sayekti, dadine sotya ludira, iku den waspada ugi, gampangane ta kaki, tembaga lawan mas iku, linebur ing dahana, luluh amor dadi siji, mari nama kencana miwah tembaga.

12 Ingaranana kencana, pan wus kamoran tembagi, ingaranana tembaga, wus kamoran kencana di, milila dipun wastani, mapan suwasa puniku, pamore mas tembaga, pramila namane salin, lan rupane sayekti puniku beda.

13 Cahya abang tuntung jenar, punika suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembagane nora becik, pambesote tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pesthi tan sami, pan suwasa bubul arene punika.

14 Yen arsa karya suwasa, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oleha tembaga prusi, binesot ingkang resik, sarta mase ingkang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasthi dadi, iku kena ingaran suwasa mulya.

15 Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun arsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan nepsu, luwamah lan amarah, sarta suci lair batin, dadi mene sarira bisaa tunggal.

16 Lamun ora mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ngelmu ingkang nyata, nora kena densasabi, ewuh gampang sayekti, puniku wong duwe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wektune binuka jroning wardaya.

17 Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes dentalatenana, lawas-lawas mbok pinanggih, denmantep jroning ati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa utami, mapan ana dalile kang wus kalakyan.

18 Para luluhur sadaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa mbaboni praja, dadi ugering rat Jawi, saking talaten ugi, enggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakuning luluhur dhingin, andhap asor enggone anamur lampah.

19 Tapane nganggo alingan, pan sami alaku tani, iku kang kinarya sasab, pamrihe aja katawis, ujubriya lan kibir, sumungah ing siningkur, lan endi kang kanggonan, wahyuning karaton Jawi, tinempelan anggenipun kumawula.

20 Puniku laku utama, tumindak sarta kekelir, nora ngatingalken lampah, wadine kang denalingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngelmu rasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja na tinggal lanjaran.

21 Lawan ana kang wasiyat, prasapa kang dhingin-dhingin, wajib padha kawruhana, mring anak putu kang kari, lan aja na kang lali, anerak wewaleripun, marang luluhur padha, kang minulyakken ing Widhi, muga-muga mupangatana kang darah.

22 Wiwitan kang aprasapa, Ki Ageng ing Tarub weling, ing satedhak turunira, tan rinilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge lan ora keni, angingua marang wong Wandhan tan kena.

23 Dene Ki Ageng Sesela, prasapane ora keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe denwaleri, kalawan nora keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena mangan, Panembahan Senapati, ing ngalaga punika ingkang prasapa.

24 Ing satedhak turunira, mapan nora denlilani, nitih kuda ules napas, lan malih dipunwaleri, nitih turangga ugi, kang kokoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, ing wuri tan na nunggoni, dipunemut aja na nerak prasapa.

25 Jeng Sultan Agung Mataram, prasapane nora keni, mring tedhake yen nitiha, jaran bendana yen jurit, nanggo waos tan keni, kang landheyan kayu wergu, lan tan ingaken darah, yen tan bisa tembang Kawi, pan prayoga satedhak sinaua.

26 Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madeg Kartasura, prasapanipun tan keni, nenggih kalamun nitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturuneki, tan linilan ngujung astana ing Betah.

27 Lawan tan kena nganggoa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh ajaa na kang lali, lan aja na nggagampil, puniku prasapanipun, nenggih Jeng Susuhunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.

28 Mangan apyun nora kena, sineret tan den lilani, inguntal pan linarangan, sapa kang wani nglakoni, narajang waler iki, yen nganti kalebon apyun, pan kena ing prasapa, jinabakken tedhakneki, Jeng Susuhunan ingkang sumare Nglaweyan.

29 Prasapa Jeng Susuhunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, mapan datan denlilani, agawe andel ugi, wong kang seje jinisipun, puniku linarangan, anak putu wuri-wuri, aja na kang wani nrajang prasapa.

30 Wonten waler kaliwatan, saking luluhur kang dhingin, linarangan angambaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, sang Dananjaya ing dangu, lan malih winaleran, kabeh tedhake Matawis, yen dolana ing wana Rami tan kena.

31 Dene sisirakanira, yen tedhak ing Demak ugi, anganggo wulung tan kena, lawan ta kang nyirik malih, bebed lonthan tan kena, kalamun tedhak Madiyun, lan payung dhanddhan abang, tedhak Madura tan keni, nganggo poleng lan bathikan parang-rusak.

32 Tedhaking Kudus tan kena, adhahara daging sapi, tedhaking Sumenep ika, nora kena ajang piring, watu pan datan keni, dhahar kidang dagingipun, mapan ta linarangan, godhong palasa kinardi, ajang mangan pan puniku nora kena.

33 Kabeh anak putu padha, eling-elingen ywa lali, prasapa kang kuna-kuna walering luluhur dhingin, estokna ing jro ngati, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasthi tan manggih basuki, Sinom Salin Girisa ingkang atampa.

XIII. Girisa

1 Anak putu denestokna, warah wuruke si bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguheno jroning nala.

2 Aja na kurang panrima, ing papasthening sarira, yen saking Hyang Mahamulya, nitahken ing badanira, lawan dipunawas uga, asor luhur waras lara, tanapi begja cilaka, urip tanapi antaka.

3 Iku saking ing Hyang Suksma, miwah ta ing umurira, kang cendhak lawan kang dawa, wus pinesthi mring Hyang Suksma, duraka yen maidoa, miwah kuranga panrima, ing lohkilmahfule kana, tulisane pan wis ana.

4 Yogya padha kawruhana, sisikune badanira, ya marang Hyang Mahamurba, kang misesa marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing makna, iku kang para ngulama.

5 Kang wis wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib mokaling Hyang Suksma, miwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tata-krama, sarengat dipunwaspada, batal karam takokena.

6 Sunat lan perlu punika, prabot kanggo saben dina, iku kaki dipunpadha, terang ing pitakonira, lan aja bosen jagongan, marang kang para ngulama, miwah uwong kang sampurna, pangawruhe mring Hyang Suksma.

7 Miwah patrap tata-krama, ing tindak-tanduk myang basa, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tumibeng madya, tanapi tibeng utama, iku sira takokena, ya marang wong kang sujana, miwah ing wong tuwa-tuwa.

8 Kang padha bisa micara, tuwin ingkang ulah sastra, iku pantes takonana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra utama teka carita, ingkang kinarya gondhelan, amurukken mring wong mudha.

9 Lawan sok karepa maca, sabarang layang carita, aja anampik mring layang, carita kang kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhurira, darapon sira weruha, lalakone wong prawira.

10 Miwah lalakon nalika, kang para Wali sadaya, kang padha oleh nugraha, asale saking punapa, miwah kang para satriya, kang digdaya ing ayuda, lakune sira tirua, lalabetan kang utama.

11 Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh aneng carita, ala becik sira wruha.

12 Yen durung mangarti sira, caritane takokena, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipunelingan, sabarang kang kapiyarsa.

13 Aja na tiru si bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe grahita, katungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, marang ing pitutur yogya, kabeh padha anyakepa.

14 Ing sawewekasing bapa, muga ta kalakonana, kabeh padha mituruta, panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon salameta, manggiha suka raharja, ing dunya miwan akhirat, dinohna ing lara roga.

15 Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, padha sugiha barana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapegatan tresna.

16 Padha uga denpracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang Suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.

17 Den bisa nampani padha, mungguh sasmitaning Suksma, ingkang dhawuh maring sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku paparing Hyang Suksma.

18 Paring peling marang sira, tinuduhaken ing marga, kang bener kang kanggo uga, ing donya ingkang sampurna, mugi anak putu padha, kenaa dadi tuladha, kabecikaning manungsa, tinirua ing sujanma.

19 Sakehing wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak putu padha, anggepe wedi asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa parantahira, tulusa mukti wibawa, ing satedhak-turunira.
20 Dinohna saking duraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha, ingkang ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah kang nyembadanana, ing padonganingsun iya, ing tyas ingsun wus rumasa.

21 Wak ingsun upama surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih maring timbulnya, pira lawase neng donya, ing kauripaning janma, mangsa nganti satus warsa, iya umuring manungsa.

22 Mulane sun muruk marang, kabeh ing atmajaningwang, sun tulis sun wehi tembang, darapon padha rahaba, enggone padha amaca, sarta ngrasakken carita, aja bosan denapalna, ing rina wengi elinga.

23 Lan mugi padha tirua, kaya luluhure padha, sudira betah atapa, sarta waskitha ing nala, ing kasampurnaning gesang, kang patitis nora mamang, iku ta panedhaningwang, muga padha kalakona.

24 Titi tamat kang carita, serat wewaler mring putra, kang yasa serat punika, nenggih Kangjeng Susuhanan, Pakubuwana kaping pat, ing galih panedyanira, kang amaca kang miyarsa, yen lali muga elinga.

25 Telasing panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad Kaliwon tahun Dal, tata guna swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.

Kagungan dalem serat pawukon pananggalan yasan dalem ingkang sinuhun kangjeng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping pitu, tetedhakan yasanipun ingkang rama panjenengan dalem ingkang sinuhun Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sekawan. Kala dhawahing pangandika dalem, awitipun ingandikakaken ndehak ing dinten Sabtu Legi, wanci jam satunggil siyang, wuku: Tolu, tanggal kaping 17 Rejeb, mangsa kalima, ing tahun Jimawal. Angkaning warsa 1765 windu: Sancaya, sinangkalan: Misik Rasa Sabdaning Ratu. Ingkang nyerat abdi dalem carik Ngabei Sastrawijaya, ing Surakarta-adiningrat, ing kawan taun sampurna panedhakipun kagungan dalem serat wukon pananggalan sapanunggilipun, ing dinten Respati Manis, enjing wanci pukul 10, tanggal kaping 28, wulan Jumadilakir, wuku Gumbreg ing taun Be, sinangkalan: Sarira Rumasa Katitih ing Ratu, Windu: Sancaya.

Source: http://javasun3.wordpress.com/2010/03/15/serat-wulang-reh-%E2%80%93-sri-pakubuwana-iv/ retrieved on January 27, 2013 at 20:23

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s